Headlines News :
Sandal anti selip kiye tukune wis rong tahunan kepungkur. Diarani sandal bandol jere singkatane sekang sandal ban bodol ....... Dewaca Kabeh
1 2 3 4

Kenangapa alamat email kudu ana @ ?

Written By Ngapakers.Com on Selasa, 27 Maret 2012 | 09:30


Tahun 1971,dadi momen sing wigati banget tumraping dunya internet. Mergané pas wektu semana, ana salah sijining ahli/tukang insinyur sing arané Kang Roy Tomlinson wis kasil nyiptakna layang éléktronik. Utawa nék siki sing diarani e-mail. Istilah e-mail kiyé sebeneré gabungan sekang tembung éléctronic sing artiné éléktronik lan mail sing artiné layang. Temuan kiyé banjur desempurnakna ing tahun 1972.

Janén, layang elektronik kiyé pada karo layang biasa sing dekirim lewat pos. Bedané, wujudé layang sing dekirim liwat jaringan kiyé dudu awujud selembar kertas sing debungkus amplop. Ananging layang elektronik kiye awujud data digital sing bisa wujudé huruf, gambar utawa suara.

Lha nék dulur ngapakers arep ngirim layang ming sapa baén kuwé kudu ana alamat sing detuju. Pada baén karo email, kudu ana alamat panggonan sing arep nrima email. Salah sijining tanda/simbol pas nulis alamat email yaiku simbol/tanda @ utawa diwaca at sing ngemu arti ning (kawitan sing nidokna panggonan) utawa nang. Simbol kiye sing ngenalna uga Kang Tomlinson.

Ben bisa pada ngirim layang elektronik utawa email, sing ngirim karo sing nrima email kudu nduwe kotak layang sing wis kedaptarna ning internet. Sing nrima lan sing ngirim email kudu nduweni jeneng (username) lan password.

Dulur ngapakers nek nduwe tulisan ngapak, kirim baen email ming ngapakerscom@gmail.com.

-------------------------
Sumber: asalmulane.com

"Manisan pelem sueger temenz"

Written By Ngapakers.Com on Minggu, 05 Februari 2012 | 21:47

Kiye dulur ngapakers ana resep sekang mamake bocah sing senengane nggawe manisan sekang pelem.
Senajan nggawene gampang nanging rasane...jian mak ces sueger temenannn...
Mulane manisan kiye tek arani "Manisan pelem sueger temenz"

Bahan:
- 2 pelem sing esih enom
- 2 sendok gula pasir

Carane: 
Pelem diceti, dekumbah sing resik terus deirisi dawa-dawa sekarepe dewek lah. Terus de wadaih mangkok lan detambaih gula pasir 2 (rong) sendok. Nek kurang legi ya olih detambaih ngonoh lur. Terus delebokna lemari es sedina med. Mbesuke njajal dulur ngapakers deicipi ngonoh,,jian rasane nylekamin pisan manisane. Kurang legi ya kari detambah gulane..

DOSAlam-salaman ngaturake Sugeng Warso Enggal 2012

Written By Ngapakers.Com on Selasa, 03 Januari 2012 | 15:13

Akeh wong sing senenge nindakaken DOSA
1. DOSArapan
2. DOSAndalan
3. DOSArungan
4. DOSAyang-sayangan
5. DOSAkarepe dewek ....lan sing marakna mumet
6. DOSAmbatan merga ora duwe duit..
7. Sing penting DOSAe-sae mawon lan
8. DOSAlam-salaman ngaturaken Sugeng Warso Enggal 2012 kagem para dulur ngapakers sedaya...

CURANPIT (Curahan Perasaan Pitik)

Written By Ngapakers.Com on Selasa, 13 Desember 2011 | 18:11



Dulur ngapakers, critane kiye inyonge arep melu-melu kaki Samidi. Nek Kaki Samidi nduwe crita arane CURANMOR (Curahan Perasaan dan Humor) , kiye inyong nduwe crita judule CURANPIT (Curahan Perasaan Pitik). Critane kaya kiye...


Pitik : Nyong jan gething banget karo sing jenengé menungsa...
Sapi : Lha pimén si...dénéng rika ngomong kaya kuwé?
Pitik : Rika ora ngerti si ya..nyong jan nembé mangan beras setithik ning pedhangan bé wis digusah2, diusir-usir lan dipathak kambi watu. Padahal menungsa kuwe enggal dina mangan endog lan mangan daging pithik. Kaya kiyé mbok jenengé ora adil...
Sapi : Ujaré rika thok apa sing gething karo sing jenenge menungsa!
Pitik : Lha si ko kenangapa..pi?
Sapi : Ko si mendhing mung de gusah2, de pathak karo watu..Njajal bayangna lan rasakna kaya inyong..
Enggal dina susuné inyong de mek-mek, de elus-elus, de penjet2..., nanging apa kuwé sing jenengé menungsa gemblung ora nduwé peri kekéwanan.
Ora tau jere dijék nikah, apa maning dilamar....Jiyan pancén menungsa gemblung njimblung...ujaré inyong sapi jablay apa!!!! Nek bisa ta tek bithi sisan nggawe..

-----------------------
Ide cerita : pozmo.com
Gambar : google.com

Gorengan Banyumas, Denpasar Bali

Written By Ngapakers.Com on Jumat, 11 November 2011 | 08:27


Bar nulis postingan Numpak Pesawat Ngapak Airline...,
Critane kiye agi dadi turis domestik nusantara....

Pas agi kiter-kiter maring panggonan loka wisata ning kota Denpasar, akhire wetenge krasa kriuk-kriuk kencoten. Dasare wis gawan bayi, nek ning ngendi-ngendi sing degoleti ya ora adoh sekang mendoan, sroto banyumas, kripik tempe lsp. Wis muter2 karo wis takon mbarang maring Kang Google, sidane ora nemu-nemu tulisan Warung Asli Banyumas. Ya wis akhire mampir ning Warung Jawa Timuran perek lokasi pantai Kuta. Warunge alamate kiye:

Warung Nikmat
Jl Bakungsari Gang Biduri No 6
Sebelah Hotel Bakung Sari
Kuta Bali

Lha nang sebelahe kuwe pas ana warung/grobak dodolan gorengan asli ngapakers.
Gambare nang nduwur kuwe...
 
Semene ndisit critane......nek dulur ngapakers agi plesiran ming Kota Denpasar Bali, aja kelalen kuwe mampir ming Gorengan Banyumas lan sing penting maning detukoni gorengane......

Numpak Pesawat Ngapak Airline

Written By Ngapakers.Com on Jumat, 28 Oktober 2011 | 21:49


Dina senén ngésuk, InsyaAlloh nek ora ana alangan, inyong karo batir-batir arep mabur numpak mongtor mabur maring Denpasar. Critané agi ana gawéan sing kudu derampungna neng kana sekalian plesiran. Sedurungé numpak montor mabur, Inyong dadi mbayangna, kapan ya inyong bisa numpak pesawat NGAPAK AIRLINE lan mendarat ning Bandara Internasional Purwokerto?
Mbuh taun pira jéré neng Purwokerto arep ana bandar udara (bandara), apa maning bandara Internasional. Jan maén temenan, kayongé Purwokerto tambah ramé lan prepegan pisan ditekani turis-turis manca negara. Lha mbuh kayangapa rasané numpak montor mabur NGAPAK AIRLINE jurusan Purwokerto-Jakarta terus disuguhi pacitan gethuk goréng utawa mendoan anget karo pramugarine? Ngombéné clebek panas apa dhawet ayu Banjarnegara? Jan wis pokoké nylekamin pisan enggané.

Seumpamané Ngapak Airline kuwé wis ana temenan lan Bandara Purwokerto wis bukak, pimén dulur kira-kira kahanané ning njero pesawat? Derungokna bae kiye pramugariné agi ngomong maring penumpang:

"Ladies and Gentleman!!!, Kangmas lan mbekayu, Dulur- dulur ngapakers penumpang kabeh ingkang kinormatan.
Tepangaken kulo kru pesawat Ngapak Airline, pilot Kapten Dalban Sugino lan kulo piyambek pramugari Dartem Susilowati. 
Sedéla maning montor mabur arep mangkat. Sedurungé inyong karo pramugari liyané arep nidokna carané ngadepi kahanan darurat. 

Klambi plembungan ana nang dlesepan ngisor korsi, dinggo nék montor mabur mandek nang nduwur banyu. Carané jikot klambi, sekang dlesepan terus dinggo, tarik taliné bén klambiné mlembung. Pipa karét di damu bén lampuné kelap kelip dadi bisa dideleng sekang kadohan.Klambi kuwé aja dicolong atawa digawa bali, nék konangan bisa ditempilingi Kang Pilot.


Lawang montor mabur kiye ana nem , loro nang ngarep, loro nang cewiwi, terus loro maning nang mburitan/brutu.
Nek pesawat kurang hawa nggo ambekan, mengko metu déwék masker oksigén sekang pyan/ loteng. Nek masker mencotot, gageyan dinggo, ambekan kaya biasané dibrongsongna maring cungur lan cangkem, aja ngos-ngosan, marakna liyané pada wedi. Nék nggawa bocah cilik ya bocaéh ndisit sing detulungi, melas lah. Ora usah kedagar-dagar, sing aso baen…ya lur.

Semono pengumuman sekang inyong, nek arep pada maca majalah apa koran, kuwe ana nang dlesepan kursi ngarepé rika kabeh.
Nék arep nguyuh utawa ngising, kakuse nang mburitan nganah. Aja nguyuh kambi udud, mbok kobaran mengkone lan nek konangan bisa detempilingi karo Kang Pilot. Aja nguyuh ning kakus ngarep, kae kakuse wong sugih.


Nek arep ngrungokna Curanmor kaki Samidi utawa guyonan Peyang Penjol utawa wayang kulit Ki Dalang Gino, ya ngonoh pada nyetel Tipi sing ning ngarep kursine dhewek-dewek…de kepénak bae lah..
Wis lah, deneng nyong ngomong bae ya…cangkeme kesel kiye, mudheng-ra mudheng bodoa lah. Sing penting inyong wis kanda karo rika kabeh.

Moga-moga kabeh pada slamet waras bisa mudun maning lan bisa ketemu karo rama biyunge maning.
Kaya kuwe dulur ngapaker penunmpang kabehan, kesuwun wis nganggo pesawat NGAPAK AIRLINE........"


-------------------------
Ide cerita : Forum FKBN
gambar : google.com

No Mendoan, I Cry (Kartun Ngapak 03)

Written By Ngapakers.Com on Selasa, 25 Oktober 2011 | 15:15

Kartun Ngapak 03

Sandal Bandol , Sandal Ngapak, Sandal Gaul

Written By Ngapakers.Com on Selasa, 04 Oktober 2011 | 18:41


Postingan kiye bab gaya hidup ngapakers..Ngapakers' Lifestyle..kaya kuwe...

Critane lagi kentongan ide bingung arep nulis apa, mak sliwer ketemu ide nulis bab sandal ngapak.
Ya wis crita baen sandal sing dienggo inyong sing inyong arani dhewek sandal bandol-sandal ngapak.
Sandal anti selip kiye tukune wis rong tahunan kepungkur. Diarani sandal bandol jere singkatane sekang sandal ban bodol mergane sandale digawe sekang ban bekas utawa ban sing wis rusak,
Nganti siki sendal kuwe esih tek enggo lan esih kepenak dinggo mlaku-mlaku lan kayonge ya ora patia ketinggalan njaman.
Gole nganggo seborehe nganti bosen dewek.
Sandal ngapak kiye jere sing nggawe bisa kena dienggo fungsi liyane. (multi functions..basa landane).
Jere nek rika lagi mlaku-mlaku nang gili, terus dioyok-oyok asu gemblung......lha...ora sah bingung-bingung.....copot sendal baen trus dipathakna maring asune......dijamin kaing-kaing asune njrantal kapicirit..wkwkwk....(kari kena shoten...)

Nek masalah rega ta ora usah kaget. Ganu tukune mung sepuluh ewuan.
Tukune ning ngendi kang? Tektidokna wis...kiye tukune ning Jl. Laksda Yos Sudarso, Kebanaran, Kelurahan Pasir Kidul Kecamatan Purwokerto Barat. 
Banaran, Purwokerto kuwe pancen wis kondang panggonan sentra Industri kecil sandal lan sepatu "BANDHOL", nggon kulakan lan dodolan sandal bandol, sandal cepit lsp.

Sandal bandol sekang KarangLewas Purwokerto kiye jere wis tau mlebu ming istana negara presiden Jakarta. Temenan lur! waca baen link kiye.

Wis lah...semene ndisit critane....sapa maning sing arep nganggo gaweane dulur ngapakers nek ora awake dewek sing pada nganggo...ya apa ora lur?.....njuh gageyan dulur ngapak kabeh pada tuku sandal bandol...sandal ngapak..dijamin kepenak...


Repek – Ngarah Suluh

Written By Ngapakers.Com on Senin, 03 Oktober 2011 | 10:52

“To … nek agi prei sekolah jajal aja mung keleluran tok, ngarah suluh apa ramban tulih kena nggo rewang-rewang !”

He he he … kue wejangane mamaku nek nyong agi prei dina minggu dong pas jaman esih smp apa sma. Nek diemut-emut jan ngangeni pisan. Dong jaman esih urip nang ndesa, rasane lah ora mbayangna nek mengko-mengkone arep dadi kenangan sing ngangeni pisan. Ya kepriwe maning yah, wong jerene menungsa ya seringe kurang bersyukur meng sing gawe urip. Jajal nek gemien ngerti urip nang ndesa arep dadi sing ngangeni, tulih gole ngapa-ngapa sing temenan. Sregep kerja ya temenan, gole mblejud ya sing temenanan. Ora mung setengah-setengah tok, kenangane kurang.

“Ngarah Suluh”
Meh dadi pegaweanku saben dina nek agi bolong. Maksude nek agi kumat rajine he he he … Yaa dari pada angkruk-angkruk nang ngumah kur domeih tok nang mamake utawa bapane. (Apa enggane rama biyungku sepet matane nek ndeleng anake nganggur nang ngumah yah ?, padahal nyong kue anak lanang siji til) Tapi nek siki di pikir-pikir ya ana benere lho, anu tujuane men anake ngerti nggawean dadi nek gede uripa ora sengsara, soale dadi rajin kerja nggolet duit. Ya sekang cilik dilatih kerja sing enteng-enteng…

Jan-jane ngarah suluh kue apa sih ?
Yaa pokoke nggolet kayu (sekabehane jenis kayu kapet sing cilik ganti sing gede) nggo diobong nggo masak nang pedangan. Nek bahasa kerene ya “Nyari Kayu Bakar”. Nek jaman mbien (nganti siki) rama biyungku nang ndesa ngkana nek masak esih nganggo suluh. Soale anu nek suluh kue ibarate mung gari njiot nang kebon pinggir ngumah. Nhaa nek nyong gemien nek ngarah suluh ya nang kebone dewek, ora nang kebone tanggane.

Ngarah suluh nang kebone dewek be gelem nganti gulune cengeng gole nggawa bali soale akeh pisan. Tapi nek tek emut-emut jane ya anu sepetil. Jalarane aku esih cilik, dadi manggul suluh segulung cilik ya wis cengep-cengep gutul ngumah.

Nyong nek ngarah suluh biasane nggawa gaman sing landep dadi gampang nggo menclasi arangan (kayu garing sing ngemet sekang wite langsung). Ya kayu apa baen sing nek tek deleng kang ngingsor akeh arangane ya tek penek. Nyong paling seneng gemien nek meti arangan nang wit cengkeh. Gelis ulih akeh tur arangane cilik-cilik. Gole gelis ulih akeh kue mergane kayu cengeh sing garing cilik-cilik karo cawange akeh dadi nek digulung keton gede… padahal isine anu sepetil …

Trus maning yah, nek agi ngarah suluh njur kesel, biasane men mari kesel nyong menek wit klapa. Trus metangkrong nang nduwur papah karo leyeh-leyeh karo ngepluk degan. Jannn semilir pisan koh… mangan degan nang wite langsung nang nduwur pisan. Pokoke nek siki dilakoni maning mbuh-mbuhan esih teyeng, soale siki nyong wis ora lincah kaya gemien.

Nyong dong umuran sd nganti sma, sedina gelem menek wit nganti 10an wit. Ya ngapa baen lah. Malah tau dong agi jamane jatuh cinta maca surat cintane nang nduwur wit jengkol…  Trus sing tek  bayangna apa jajal ? Ya agi berduaan nang pakah wit jengkol karo pujaan hatine… kaya kue… mbok romantis pisan lah… he he he …

Nek wis rampung ngarah suluh gari digawa bali trus disogna meng pedangan. Gole ngesogna karo digedumbrangna meng mamake krungu men keton gole ngarah suluh ulih akeh… jan.. jan… akale pokoke akeh dong mbien …

Yaa ora ketang akal bulus tapi gemien seneng-seneng baen. Walopun bar kue nang mamake diprenguti ya nek wis sore nyong urung maem ya diuber-uber kon madang. Yaa wong jenengane baen wong tua, kepriwe-kepriwea ya tetep eman meng anak. Tapi nek nyong ngemut-emut mbregajule nyong don jaman cilik jane ya anu kebangeten. Ibarate rama biyunge nyong banting tulang peras keringat ya nyong kur mangkruk-mangkruk ora ngrewangi. hi hi hi …

Mak, pak nyong siki wis gede wis bisa ngrasakna kaya ngapa dadi wong tua. Ya nyong siki maklum nek rika gemien ladak karo nyong… Anu jane rika ya eman karo aku yah, tapi nyong wektu kue urung ngerti urip nang alam ndunya kue kaya ngapa dadi ya nyong gemien ya kaya kae. Sering rika ngomeh tapi ora tek rungu. Ibarate kurung kuping tengen, ora nganti menggok meng ngisor (ngati) langsung bablas metu kuping kiwe…

Owalah mak… mak… ngangeni jane lho nek rika agi ngomeih gemien. Apa maning bapake nek agi nyabeti nyong nek tes ngrusak tanduran nang kebon… Nek mbien jan  nyong rasane kepengin minggat kang ngumah, tapi nek siki tek emut-emut ya anu nggemletekna pisan…

Penulis Ngapak: Ahsanfile
Tulisan asli : http://ahsanfile.wordpress.com/2011/09/17/repek-ngarah-suluh/

Selamat Idul Fitri 1 Syawal 1432 H

Written By Ngapakers.Com on Senin, 29 Agustus 2011 | 10:44



"Prasasat siniram banyu wayu sawindu lawase, 
gumelaring jagad cinondro ombaking samudro sumempyak
ing jalanidi lebur mumur sadaya pasir lan wukiring cidro bebrayan,
tuwuh sucining tyas kita sami. 
NGAPAKERS.COM sagedo katampi sowan ing ngarso,
hangaturaken sugeng mangayubagyo Idul Fitri 1 Syawal 1432 H,
nyadong pinaringan gunging samudra pangaksami.
Mugi kito sedoyo tansah winengku ing karahayon Alloh SWT. Amin"

Sedoyo kalepatan kawulo nyuwun gunging pangapunten..

Taqobbalallohu minna wa minkum...


Atur kawulo,


Admin
Ngapakers.com


Profesor Linglung mudik numpak sepur

Written By Ngapakers.Com on Rabu, 24 Agustus 2011 | 14:19

Sawijining dina, Profesor Dalban numpak sepur Purwojaya jurusan Jakarta-Cilacap. Critane arep mudik riyaya balik maring  kampung.

Pas Kondektur arep mriksa karcis sing kaping pindo, Profesor mau madan linglung lan gugup merga karcise ilang. Wis de goleti ming sak klambi, kathok, ning njero tas ora ketemu.

Nanging Kondektur sepur kemutan nek pas mriksa karcis sing kepisan deweke wis mbolongi karcise Profesor.

Kondektur (asline sekang Kroya): "Inyong yakin, Pak Profesor, rika wis nduwe karcis merga pas sepisan tek priksa mau inyong kemutan nek wis mbolongi karcise rika. Pak Profesor mboten sah gugup, mboten usah bingung lan mboten usah tuku karcis maning. Sekecaaken mawon gole lenggahan!"

Profesor : "Ko ndisit kiye Pak Kendur eh..Pak Kondektur......
Bisane inyong ora usah gugup si pimen, merga karcise inyong ilang dadine inyong kelalen arep mudun stasiun ngendi kiye mengko?

Kondektur: #!??@#$$%^&(ngonoh mudun ming alun-alun be olih...)



------------------------------------
Ide cerita : wakakanet
Gambar:sekarsidan.wordpress.com

Tips ngilangna embun ning kaca jam tangan

Written By Ngapakers.Com on Senin, 22 Agustus 2011 | 14:43

Dulur ngapakers, rika nduwe jam tangan? Biasane rika wis tau ngalami nek kaca jam tangane ana embune. Mbuh kuwe bar dienggo udan-udanan utawa nek pas dienggo ning daerah sing hawane atis/adem. Apa maning bar kecemplung ming mblumbang.

Lha, pimén carané bén embun kuwé cepet ilang lan utamané ora ngrusak jam tangan?

Kiyéh, inyong nemu tips nggo ngilangna embun ning kaca jam tangan sing praktis lan aman.

Carané? Sepisan delap ndisit jam tangane termasuk kacané nganggo lap sing alus, resik lan garing. Banjur jam tangan de simpen/dilebokna maring njero beras (cosmos dll). Kurang lewih sedina sewengi. Bar kuwé dijiyot maning terus delap nganggo lap sing resik lan garing. Mugi-mugi jam tangané balik normal maning lan ora rusak...

Catetan:
1)Aja kelalén ngomong maring biyungé/bojoné nék agi nyimpen jam tangan maring wadah beras. Aja nganti jam tangané ora nguja bablas mélu keliwet.
2)Aja sepisan-pisan jam tangan dipé ning gili gedé utawa pekarangan umum. Bisa-bisa embune ilang sisan karo jam tangané.


--------------------------
Sumber:eyil.blogspot.com

Tukang Daging Ora nDuwé Utek

Written By Ngapakers.Com on Senin, 08 Agustus 2011 | 11:59


Esuk-ésuk tukang daging ngorong-ngorong segelemé dhéwék liwat ning ngarep umah .

Tukang Daging : "Dagiiiiiing Murahhhh! Dagiiiing Murahhhhh!"


Suarané mbengok, kasar lan lara dirungokena nang kuping.

Yu Dartun tanggané inyong sing lagi lara untu wis rong dina ra mari-mari krungu bengoké tukang daging sing dibolan-baléni nang ngarep umahé dadi kesuh.

Yu Dartun : "Hei tukang daging! Rika ora duwé utek ya....!!!???

Tukang Daging : "Wah seniki keleresan mboten bekta Bu, dospundi menawi ngenjang kula bektakaken? Seniki keleresan kula namung mbekta daging kalih thethelan thok....."

Yu Dartun: Dengkulmu ambuh............@!###$$?!!!!!!!???????`


------------------------------------------------
Gambar: http://dagsap.wordpress.com
Sumber cerita : Forum Ngapak Fesbuk

Mataku adalah mata Ibuku

Written By Ngapakers.Com on Selasa, 02 Agustus 2011 | 08:22

Saat aku beranjak dewasa, aku mulai mengenal sedikit kehidupan yang menyenangkan, merasakan kebahagiaan memiliki wajah yang tampan, kebahagiaan memiliki banyak pengagum di sekolah, kebahagiaan karena kepintaranku yang dibanggakan banyak guru. Itulah aku, tapi satu yang harus aku tutupi, aku malu mempunyai seorang ibu yang BUTA! Matanya tidak ada satu. Aku sangat malu, benar-benar malu.

Aku sangat menginginkan kesempurnaan terletak padaku. Aku ingin menjadi yang terwah, tak ada satupun yang cacat dalam hidupku juga dalam keluargaku. Saat itu ayah yang menjadi tulang punggung kami sudah dipanggil terlebih dahulu oleh yang Maha Kuasa. Tinggallah aku anak semata wayang yang seharusnya menjadi tulang punggung pengganti ayah. Tapi semua itu tak kuhiraukan. Aku hanya mementingkan kebutuhan dan keperluanku saja. Sedang ibu bekerja membuat makanan untuk para karyawan di sebuah rumah jahit sederhana.

Pada suatu saat ibu datang ke sekolah untuk menjenguk keadaanku. Karena sudah beberapa hari aku tak pulang ke rumah dan tidak menginap di rumahku. Karena rumah kumuh itu membuatku muak, membuatku kesempurnaan yang kumiliki manjadi cacat. Akan kuperoleh apapun untuk menggapai sebuah kesempurnaan itu.

Tepat di saat istirahat, salah satu guru yang berpapasan denganku di kantin sekolah memanggilku. “Afkar !” Kau kedatangan tamu!” ucap guru yang berpapasan denganku itu. “Siapa Bu?” Lihat saja ke ruang tamu sekolah!”

Perintah guru itu segera kulaksanakan. Aku berjalan melewati lorong-lorong kelas yang sedang ramai. Anak-anak sepantarku sedang asyik-asyiknya menikmati hidup yang semu ini. Beberapa menit kemudian sampailah aku di depan pintu ruang tamu sekolah. Kulihat sosok wanita tua sedang duduk. Bajunya pun bersahaja rapih dan sopan. Itulah ibu ku yang mempunyai mata satu. Dan yang selalu membuat aku malu.
“Afkar!” Ibu memanggilku.
“Mau ngapai ibu ke sini? Ibu datang hanya untuk mempermalukan aku!”

Beberapa anak-anak yang sedang berjalan di depan ruang tamu sekolah melihat ke dalam ruangan yang menjadi neraka bagiku. Bentakkan dariku membuat dirinya ingin segera bergegas pulang. Dan itulah memang yang kuharapkan. Ibu pun bergegas keluar dari sekolahku.
Karena kehadiranya itu aku benar-benar malu, sangat malu. Sampai beberapa temanku berkata dan menanyakan.
“AFKAR. IBU MU MATANYA SATU YAH?”Terasa suntikan yang mematikan mendapat pertanyaan seperti itu, aku hanya melewatinya dengan wajah sinis.

Beberapa bulan kemudian aku lulus sekolah dan diterima di sebuah Institut Negeri di Singapura. Aku mendapatkan beasiswa yang ku incar, kukejar dan aku ternyata berhasil mendapatkannya. Dengan bangga kubusungkan dada pada orang-orang yang sempat menghinaku. Aku berangkat pergi merantau ke Singapura tanpa memberi tahu Ibu karena bagiku itu tidak perlu. Aku hidup untuk diriku sendiri. Persetan dengan Ibuku. Seorang yang selalu mnghalangi kemajuanku. Karena aku MALU.

Di Singapura, aku menjadi mahasiswa terpopuler karena kepintaranku. Aku telah sukses dan pada suatu saat aku menikah dengan seorang gadis Indonesia yang menetap di Singapura. Singkat cerita aku menjadi seorang yang sukses, sangat sukses. Tempat tinggalku sangat mewah, aku mempunyai satu anak laki-laki berusia tiga tahun dan aku sangat menyayanginya. Bahkan aku menjaminkan nyawa untuk putraku itu.
10 tahun aku menetap di Singapura, belajar dan membina rumah tangga dengan harmonis dan nyaris sama sekali aku tak pernah memikirkan nasib ibuku. Ibu yang telah melahirkanku ke dunia ini, membuatku berpijak di dunia. Sedikit pun aku tak rindu padanya, aku tak mencemaskannya. Aku BAHAGIA dengan kehidupan ku sekarang.

Hingga pada suatu hari, putra sulungku sedang asyik bermain di depan pintu. Tiba-tiba datang seorang wanita tua renta dan sedikit kumuh menghampirinya. Dan kulihat dia adalah Ibu, Ibuku datang ke Singapura. Entah untuk apa dan dari mana dia mendapatkan ongkos. Seketika saja Ibu ku usir. Dengan enteng aku mengatakan:

“HEY, PERGILAH KAU. KAU MEMBUAT ANAKKU TAKUT!” Dan tanpa membalas perkataan kasarku, Ibu lalu tersenyum, “MAAF KALAU BEGITU SAYA SALAH ALAMAT”
Tanpa merasa terhunus, aku masuk ke dalam rumah. Sempat istri menanyakan siapa yang datang dan kumarahi, dan aku menjawab “PENGEMIS”.

Beberapa bulan kemudian datanglah sepucuk surat undangan reuni dari sekolah SMA ku. Aku pun datang untuk menghadirinya dengan beralasan pada istriku bahwa aku akan dinas ke luar negeri. Singkat cerita, tibalah aku di kota kelahiranku. Tak lama hanya ingin menghadiri pesta reuni dan sedikit menyombongkan diri yang sudah sukses ini. Berhasil aku membuat seluruh teman-temanku kagum pada diriku yang sekarang ini. Satu hal yang kutakutkan, mereka menanyakan ibu ku yang memalukan itu, karena matanya yang BUTA. Tapi untung saja tak ada sepatah kalimat “IBU” yang menghantar padaku.

Reuni selesai. Sebelum pulang ke Singapura, aku ingin melihat keadaan rumahku. Tak tau perasaan apa yang membuatku melangkah untuk melihat rumah kumuh dan wanita tua itu. Sesampainya di depan rumah itu, tak ada perasaan sedih atau bersalah padaku, bahkan aku sendiri jijik melihatnya. Dengan rasa tidak berdosa, aku memasuki rumah itu tanpa mengetuk pintu terlebih dahulu. Ku lihat rumah ini begitu berantakan bak kapal pecah yang baru saja terjun dan berhamburan ke tanah. Aku tak menemukan sosok wanita tua di dalam rumah itu, entahlah dia ke mana tapi aku merasa beruntung tak menemuinya. Bergegas aku keluar dan tiba-tiba salah satu tetangga dekat rumahku mengenaliku.

“Afkar?Subhanalloh Afkar, akhirnya kau datang juga. Ibu mu telah meninggal dunia dua minggu yang lalu”
“OH…”

Hanya perkataan itu yang bisa keluar dari mulutku. Tak tau mengapa tak ada tetesan air mata. Jangakan tetesan air mata, sedikit rasa sedih saja tak aku rasakan saat mendengar ibuku meninggal.
“Ini, sebelum meninggal, Ibumu memberikan surat ini untukmu”
Ibu-ibu yang menghampiriku segera bergegas pergi. Ku buka lembar surat yang sudah kucal itu.

Untuk anakku Afkar yang sangat Aku cintai,
Demi Allah yang menggenggam nyawaku, yang menguasai ruhku, yang mencintaiku seperti aku mencintaimu walau kau sangat membenciku. Anakku Afkar, Ibu tahu kau akan datang ke acara Reuni yang diadakan oleh sekolahmu. Sejujurnya ibu sangat merindukanmu, teramat dalam sehingga setiap sujudku pada Allah pemilik arsy! Aku meminta ampunan untukmu nak.


Asal kau tau saja Afkar anakku tersayang, mata yang membuat mu malu ini adalah salah satu dari matamu. Waktu kau kecil, kau dan Ayah mu mengalami kecelakaan yang hebat, tetapi Ayah tidak terluka apa-apa sedangkan mata kananmu mengalami kebutaan. Aku tak tega anak tersayangku ini hidup dan tumbuh dengan mata yang cacat maka aku berikan satu mataku ini untukmu.
Ya ….. salah satu matamu adalah mataku.


Kau melihat dengan mataku nak, dan aku bangga padamu karena kau bisa meraih apa yang kau inginkan dan cita-citakan.
Do’akanlah aku diterima di sisiNya. Saat aku menulis surat ini, aku yakin maut sudah mengetuk pintu kehidupanku.

Ibumu tercinta


Bak petir di siang bolong yang menghantam seluruh saraf-sarafku, Aku terdiam!
Aku pulang seperti mayat hidup, tak satu patah katapun keluar dari mulutku. Menyambut senyuman putra tersayangku pun aku tak mampu. Aku benar-benar seperti manusia yang tak bernyawa. Beberapa bulan kemudian, anakku meninggal dunia karena kecelakaan terlindas sebuah bus besar, tubuh kecilnya hancur lebur. Jadilah aku mayat yang benar-benar hidup setelah istriku pun ikut meninggalkan aku.

NB: Semoga kita termasuk orang yang berbakti kepada orang tua.


(Sumber : islammuda.com)

Keluarga

Liyane »

Humor

Liyane »

Wisata

Liyane »

Kuliner

Liyane »
 
Support : KamusNgapak | IIXMedia
Copyright © 2011. Ngapakers.Com - All Rights Reserved
Design Template Maskolis
Aja Reang,Aja Gegoh,Sing Rukun,Sing Guyub! Dulur Ngapak!
PageRank Checking Icon